Pelajaran Syahadat

Pelajaran Syahadat : (Dari alm. Bp Mulhari Cikarang)

1. Syahadat Syareat :
Ashadu anlaa ilaaha illallaah wa ashadu ana Muhammadarrosulullah
Ingsun angaweruhi satuhune ora ana pangeran kang wajib disembah
anging Allah, lan ingsun angaweruhi Nabi Muhammad iku utusane Allah.

2. Syahadat Tarekat :
Ashadu alaa illaaha ilallaah :
Tunggalna ingsun lan pangeran ingsun. Anane wujud ingsun iki angaweruhi ingsun ing satingkah polahe wujud ingsun.
Wa ashadu ana Muhammadarosulullah :
Anane sifat wujud ingsun iki angaweruhi ingsun, satuhune Muhammad iku uripe wujud ingsun iki

3. Syahadat Hakekat :
Ashadu alaa illaaha ilallaah :
Sategese tunggal eneng ingsun lan Pangeran ingsun.
Wa ashadu ana Muhammadarosulullah :
Tunggal usik ingsun kang dadi utusan pangeran ingsun

4. Syahadat ma’rifat :
Ashadu alaa ilaaha illallaah :
Tunggal eneng ingsun lan tunggal Dzat ingsun
Wa ashadu ana Muhammadarosulullah :
Tunggal usik ingsun lan tunggal sifat ingsun.
Laesa kamislihi syaeun fil ardi wa lafissamawati

5. Syahadat ngesat jisim badag
Bismillaah…
Tis sirna ning raga sukma. Sukma kang urip malih,
mulya maring Dzatullah lan sukma ning urip
dzat kang sejatine sifat, kang asup puji lan Asmane
kang sampurnaken ing Dzatullah.

6. Syahadat ngesat jisim latif
Bismillaah …
Bismi kudrat tatali rambut sukma titi mulyaning kaputian
Ya ingsun badan robbuka, manjing bumi amengakaken lawang sawarga
Metu ingsun, manjing Ya Hu Allah, tanpa wiwitan alam sayang tiyas
Plas Dzat lunga, kurungan aja ana kang kari-kari


7. Syahadat puter :
Bismillah…
Ashadu syahadat puter, puter syahadat, usik bumi wali nunggal,
Usik jagat wali nunggal. Gunung susu nang Cirebon, menimpang jabang bayi, berkah salamet umat nabi Muhammad saw.

8. Syahadat sejati ;
Ashadu syahadat sejati. Syahadat satemening Allah.
Syahadat satemening rasa. Nunggang kuda jalan nafas.
Buntel putih kudratullah. Kenang lara ora kenang pati
Sampun melebu sajeroning kalbu.
Sujud ka rosulullah kasaksenan dening Allah
Laa illaaha ilaallaah Muhammadarosulullah
Astagfirullah al adzim, alhamdulillahirobbil alamin

9. Syahadat rasa
Dibaca setelah membaca Al Fatihah bagi para leluhur :
Ashadu tiba ning rasa, anlaa anu ngajadi rasa, illaaha patepung rasa, ilallaah sejatining rasa. Rasa Eyang rasa abdi. Rasa hirup rasaning hurip. Rasa Allah, rasaning Muhammad ya Rosulullah. Amin Ya Robbal alamin.
Mugi eyang kersa ngangken ka abdi, sarta ngahapunten abdi sadaya…

10. Syahadat kalanggengan
Bismillaah..
Ashadu anlaa illaaha ilallaah, ashadu kahanan ingsun, anlaa rupaningsun, ilallaah Pangeran ingsun, kang nuduhaken marga lan kadang, urip ora kena ing pati, mulia ora kecampuran, langgeng teu kena ku owah, eling teu ku poho, Dzat eling ananing Dzatullah. Hu les tan ana kerasa, dus nur ingsun angadusi nur jasmani ingkang suci, roh ingsun Nur Muhammad, Ya kiaji suliwa, pancerning jisim telenging iman, nur sang lenggang herang, purwa cipta ganda rasa…

11. Syahadat Tauhid
Bismillaah…
Niat ingsun micikaken jisim suci badan Muhammad.
Laa illaaha ilallaah Muhammadarrosulullah
Waliyat araning banyu, kuliyar sucining banyu,
Dagal dagel suci jeroning kalbu, anyilake sir ning putih araning angin,
Tes ning putih araning banyu, cahya wening namaning banyu
Geni cahya bul putih namaning bumi, lir inten dumanten, ambune lir kasturi
Sang mulia rasa namaning syahadat.
Syahadat tanpa ashadu ananing tunggal. Laa illaaha amanahu,
Ya urip tan kena lara, kena pati. Pati kenang rusak.
Dzat mulyaning rasa. Dzat les Dzat lap enak ora kerasa
Ya Hu, Ya Hu kang lunga pada rupane, masuk makom Rosulullah.
Ashadu kang tumima, jisim kang suci, rasa kang mulia, urip kang sampurna

12. Syahadat Tauhid Rasa :
Bismillaah..
Allah suwung suci ilang mulia. Rasa sampurnaning urip
Ingsun sejatinig ana, Ya Allah, Ya Muhammad
Hu haq, lebur badan dadi nyawa, lebur nyawa dadi sukma,
Lebur sukma dadi rasa, lebur rasa dadi sirna, sampurna manusa
Ya Allah, Ya Muhammad, ya manusa,
Ya Allah, Hu Haq asmana Ya Hu Allah Pangeran ingsun kang Maha Luhur
Allah Pangeran ingsun kang Maha Agung, Allah Pangeran ingsun kang Maha Suci, Allah Pangeran ingsun kang Maha Mulia,
Ashadu anlaa illaaha ilallaah wa ashadu ana Muhammadarrosulullah
Insun angaweruhi satuhune ora ana Pangeran kang wajib asinembah, kang esa, kang tunggal, kang adadekaken alam iki kabeh…

13. Syahadat bumi :
Pagi-pagi bangun tidur baca :
Bismillah …
Ashadu teguh anla illaaha luput ilallaah tan katingalan,

Sebelum kaki menginjak bumi.. baca syahadat bumi…!!!
Bismillaah …
Ashadu syahadat bumi, melebu kayuku (hayu-ku) bumi
Melebet ning telapakan, medal tanpa wewayangan
Bumi istri trima ku suci, bumi ayu kudratullah, bumi miang bumi santana
Laa illaaha ilallaah Muhammadarrosulullah S.A.W.
Allohuma antapan.. ya bumi tanpa polah, ya siti kang asung bakti
Ya jagat kang asung berkat. Sukma mulia Roh Idhopi, ratuning nyawa sakabeh. Ya Allah kang pertela kuasa..
Ghofurullaahu lahum, birahmatika ya arhamar rohimin…

14. Syahadat pembuka alam.
Dibaca pagi hari setelah membaca syahadat bumi sambil membuka jendela kamar tidur kita baca :
Bismillaahi …
Ashadu syahadat pembuka alam.
Alam anu ngahirupan umat sadaya. Abdi sujud ka nu Agung, Gusti Allah Ta’ala. Ratu Tunggal Rat Sajati. Kenging milik anu mulia kang jumeneng
Rosulullah. Laa Illaaha ilallaah Muhammad ya Rosulullaah SAW. Allohuma Ya Goniyu, Ya Hamidu, Ya Muidu, Ya Mubdi’u, Ya Gofuru, Ya Wadud. Agmini bi holalika, anharomika, wa bi fadlika wa bi masiatika, amansiwak, birohmatika Ya Arhamar Rohimin..

Bismillaahi … (kalimah sarining gampang)…
Allohuma Sang Sukma Mulia, adi luwih sifat langgeng, mungkul jati sarining gampang. Gampang tekad abdi, gampang lampah abdi, gampang polah abdi, gampang milik-rejeki abdi. Laa illaaha ilallah. Kudrat pasti ya Rosulullah

Untuk melihat jati diri : boleh pilih no 1 atau no 2 dibaca dalam hati 41 kali, 111 kali selama 41 malam
1. Bismillahirohmanirohim
Del rasa as nyawa putih. Sira metu saking jasad.
Ingsun arep weruh lonjoring pangeran.
Engko iki den enggalaken sarta parek, ingsun tumindak gumantung tanpa telapakan, gumancang tanpa wewayangan..
Ya Ingsun Sejatining Hurip… Ya Allah.. Ya Muhammad…
Dilanjutkan dengan dzikir : Allah.. Allah.. Allah selama 30 menit

2. Bismillaah…
Kun Dzat Kun… Aja sira ngaling-ngalingi sukma ingkang tapa ono sajeroning wayangan ingsun.
Sira sumingkira, ingsun arep weruh sejatining urip.
Dilanjutkan dengan dzikir Allah… Allah...Allah selama 30 menit
Puasa 3 hari bukanya pisang raja dan air putih…

Untuk bertemu sadulur papat :
Dibaca dalam hati 41 kali, 111 kali selama 41 malam
Bismillaah …
Sukma langgeng luwita, sukma adi luwita, sukma ngumbara, sukma wisesa…
Malaikat Jabrail, malaikat Minkail, malaikat Isrofil, malaikat Izroil
Malaikat Badaniah, malaikat Rohaniah, malaikat dinding Jalalullah..
Sarinik acining banyu …
Dilanjutkan dengan dzikir Allah..Allah..Allah selama 30 menit



Posting Komentar

0 Komentar